Senin, 13 Februari 2012

Lirik lagu Rotra Ora Cucul Ora Ngebul

    Lirik lagu Rotra Ora Cucul Ora Ngebul (version Poetry Battle 02)   


    Reff:
    Pak Dul sirahe gundul
    Tuku rokok neng Pasar Sentul
    Arepo silul kudu wani cucul
    Ora cucul ora ngebul

    Petruk bingung ngekep bojone
    Pikiran nglamun mikir gendakane
    Pancen kadung rusak negarane
    Mula aja gumun nek rakyate kere


    Nek wong sugih le gendakan ning hotel sing larang
    Bermain cinta lupa daratan ra konangan
    Nek wong kere le gendakan ning hotel murahan
    Durung nganti anget kena razia kisinan

    Nek wong gede konangan selingkuh malah kondang
    Nek wong cilik sing konangan diarak telanjang
    Apa kaya ngene jeneng negara berjuang
    Segala sesuatu ditentukan dengan uang

    Pada-pada gendakan hukume dewe-dewe
    Pancen hukum kui gendakane wong-wong gede
    Wong cilik kerja sengsara ninga tetep kere
    Wong gede kemaki urip sak karepe dewe

    Lirak-lirik karepe ngejak turu kelonan
    Koalisi politike mung perselingkuhan
    Beras larang minyak mundak ra karu-karuan
    Politike nglambrah mung ribut ngurus gendakan

    Mula aja munafik kaya wong-wong politik
    Dadia wong seni kritis peduli ro wong cilik
    Wong politik munafik ra gelem nampa kritik
    Geleme nampa duit cacahe ra sethithik

    ###
    Reff:
    Pak Dul sirahe gundul
    Tuku rokok neng Pasar Sentul
    Arepo silul kudu wani cucul
    Ora cucul ora ngebul 2x..

    Ana kancaku pelukis kluyuran bengi-bengi
    Pamite lunga jare arep golek inspirasi
    Neng ndalan ketemu karo temon bodine seksi
    Kenalan terus gelem digambar ra nganggo klambi

    Bar digambar temone seneng ora karuan
    Saking senenge nganti gelem dijak kelonan
    Cepet-cepet gage do golek hotel murahan
    Lagi krusak-krusek la kok yo ana gropyokan

    Sing nggropyok polisi numpak pick-up bakul kursi
    Tanpa basa-basi kabeh kamar disatroni
    Banjur diklumpukke dikon antri siji-siji
    Kabeh digeledah nek ana sing nyolong wadi

    Polisi muni anda telah berbuat royal
    Itu artinya anda sudah melanggar moral
    Pelukise takon apa moral iku mural
    Nek cen kui aku ngerti ayo gek ndang budhal

    Moral itu adalah tata susila
    Siapa yang melanggar akan kena razia
    Pelukise takon apa toh tata susila
    Apa pada karo wanita tuna susila

    Polisine muni kepiye nek damai wae
    Damai kui artine wani piro mbayare
    Pelukise nyaut durung perang kok wis damai
    Wong durung telanjang kok wis digawe rame

    ###
    Reff:
    Pak Dul sirahe gundul
    Tuku rokok neng Pasar Sentul
    Arepo silul kudu wani cucul
    Ora cucul ora ngebul 2x..

    Akale wong lanang nek dolan ning Pasar Kembang
    Gawe alasan golek aman ben ra konangan
    Politik saiki cen seneng maen belakang
    Njabane resik jebul jerone selingkuhan

    Lumpur Lapindo metune soko Sidoarjo
    Bojo loro kabeh kok seneng nggodha
    Wis merdeka sih ono kumpeni Londo
    Nembaki rakyat, rakyat neng alas Tlogo

    Nganggo tangk-top mlaku ning Pasar Bantul
    Sangu kates, katese mental-mentul
    Rakyat ditembak, ditembak betul-betul
    Tapi jare kena peluru mantul

    Buah Langsep tuku regane larang
    Motore nyungsep, nyungsep ning njero kotang
    Negara lemes merga kakean utang
    Bandane ludes, le nilep pada ilang

    Manuk Podang mabur mlebu kurungan
    Gage dikancing nganggo gembok kuningan
    Ra entek-entek lehku seneng gendakan
    Nganti modar nganti tekan kuburan

    Kadung remen ceweke Cak Paimo
    Cekap semanten niki atur kawula
    Ana kupat kecemplung ning njero santen
    Menawi lepat kawula nyuwun ngapunten

    ###
    Reff:
    Pak Dul sirahe gundul
    Tuku rokok neng Pasar Sentul
    Arepo silul kudu wani cucul
    Ora cucul ora ngebul 2x..

                              >>>>>RAMPUNG<<<<<

   

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

JAHANAM